استغفرالله ربّ البراي ……الخ
ربيّ زدنى علما نافعا…….الخ
يا رسول الله سلام عليك…..الخ
Ngawiti ingsun nglaras syi’iran,
Kelawan muji maring pangeran,
Kang paring rohmat lan kenikmatan,
Rino wengine tanpo pithungan …. 2 X
Duh bolo konco priyo, wanito,
Ojo mung ngaji syari’at beloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro ….. 2 X
Akeh kang apal Qur’an Hadise,,,,
Seneng ngafirke marang liyane,
Kafire dhewe nda’ di gatekke
Yen iseh kotor ati akale … 2 X
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyaring dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nesto … 2 X
Ayo sedulur jo nglaleake
wajibe ngaji sak pranatane
go ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine … 2 X
Kang aran sholeh, Bagus atine,
Kerono mapan sari ngilmune,
Lagu thoriqot lan ma’rifate
Ugo hakikat manjing rasane … 2 X
Al qur’an qodim Wahyu minulyo
Tanpo tinulis Iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jero dodo … 2 X
Kumantil ati lan pikiran
Rasuking padang kabeh jerohan
Mukjizat rosul dadi pedoman
Minungko dalan manjingi iman … 2 X
Kelawan Allah kang moho suci
Kudhu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali … 2 X
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pas an
Kabeh tinakdir saking pangeran … 2 X
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo dok sio
Iku sunahe rasul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito … 2 X
Ayo nglakoni sekabehane
Allah kang bakal ngangkat derajate
Senajan asor toto dhohire
Ananging mulyo maqom derajate … 2 X
Kalopalastro ing pungkasane
Ora kesasar ruh lan sukmane
Den gadang Allah suryo manggone
Utuh mayite ugo ulese … 2 X
يا رسول الله سلام عليك…..الخ
الفاتحة….