Talqin Mayyit

636

كُلُّ شَيْئٍ هَالِكٌ إِلَّا وَجْهَهُ لَهُ الْحُكْمُ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ. كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ. وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أُجُوْرَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ. وَمَا الْحَيَاةَ الدُّنْيَا إِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ. مِنْهَا خَلَقْنَاكُمْ وَفِيْهَا نُعِيْدُكُمْ وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ تَارَةً أُخْرَى. مِنْهَا خَلَقْنَاكُمْ لِلْأَجْرِ وَالثَّوَابِ وَفِيْهَا نُعِيْدُكُمْ لِلدُّوْدِ وَالتُّرَابِ. وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ لِلْعَرْضِ وَالْحِسَابِ. بِسْمِ اللَّهِ وَبِاللَّهِ وَمِنَ اللَّهِ وَإِلَى اللَّهِ وَعَلَى مِلَّةِ رَسُوْلِ اللَّهِ صلى اللَّه عليه وسلّم هَذَا مَا وَعَدَ الرَّحْمَنُ وَصَدَقَ الْمُرْسَلُوْنَ. إِنْ كَانَتْ إِلَّا صَيْحَةً وَاحِدَةً فَإِذَا هُمْ جَميْعٌ لَدَيْنَا مُحْضَرُوْنَ.

Hei (……..) sak iki seliramu wis mati, dunyo lan perhiyasane wis sirno saking seliramu. Sak iki seliramu wus ngalih marang ngalam barzah, mongko seliramu ojo nganti lali marang perkoro kang siro sungkemi naliko seliramu durung pisah karo kito kabeh, yoiku nekseni sak temene ora ono pangeran kang haq lan disembah kejobo gusti Alloh, lan nekseni sak temene Nabi Muhammad iku utusan gusti Alloh.

Hei (………) sing ngati-ngati yen seliramu ditakoni malaikat loro kang di pasrahi nguji marang seliramu ojo kaget lan ojo gemeter, ngertio yen malaikat loro mau podo-podo mahluke gusti Alloh podo karo seliramu.

Hei (………) naliko malaikat loro mau mengko takon marang seliramu mengkene :

Sopo pangeranmu?

Opo agamamu?

Sopo nabimu?

Opo i’tiqod mu?

Lan opo kang siro sungkemi naliko mati.

Yen siro ditakoni mengkono mau, mongko jawabo :

Pangeran ku gusti Alloh”

Yen ditakoni kaping pindone mongko jawabo maneh :

Gusti Alloh pangeran ku”

Lan naliko dikaping teluni yoiku pitakon kang pungkasan mongko di jawabo kanti jelas lan tegas, ojo gemeter lan kuwatir : “gusti Alloh pangeran ku”, “agama islam iku agama ku”, “nabi Muhammad iku nabi ku”, “kitab al Qur’an iku panutan ku”, “ ka’bah iku qiblat ku”, “ sholat limang waktu iku kewajiban ku”, wong islam lanang, islam wadon, mu’min lanang lan mu’min wadon iku sedulur ku”, “nabi Ibrohim iku prasasat bapak ku”, aku urip lan mati netepi ucapan :

اِلهَ إِلَّا اللَّه مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ اللَّه

Hei (……..) hujjah kang tak warah ke marang seliramu iku cekelo kanthi temen-temen, ngertiyo yen seliramu bakal manggon ing alam barzah nganti ngesuk dino kiyamat, yoiku dino poro ahli qubur ditangek ake soko qubure.

Hei (……..) ngertio yen iku pasti haq manggon ono ing qubur, pitakone malaikat mungkar lan nakir ono ing kubur dinone dentangeake soko qubur anane hisab, teraju wot sirotol mustaqim.

Neroko lan suwargo iku mesti anane lan setuhune gusti Alloh iku bakal nangeake marang wong kang ono ing qubur.

Salajeng tiyang ingkang nalkin do’a :

نَسْتَوْدِعُكَ يَا اللَّهُ. اَللّٰهُمَّ ياَ اَنِيْسَ كُلِّ وَاحِدٍ وَيَا حَاضِرًا لَيْسَ يَغِيْبُ. نِسْ وَحْدَتَنَا وَوَحْدَتَهُ وَارْحَمْ غُرْبَتَنَا وَغُرْبَتَهُ وَلَقِّنْهُ حُجَّتَهُ وَلَا تَفْتِنَّا بَعْدَهُ وَاغْفِرْ لَنَا وَلَهُ. يَا اللَّهُ يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ.

Perhatian :

Titik-titik wonten ing sak lebetipun kurung puniko dipun gantos naminipun tiyang ingkang pejah. Lan naliko nalqin ingkang langkung utami tumerap tiyang ingkang hadir puniko jumeneng lan tumerapipun tiyang ingkang nalqil lungguh kanthi madhep dhateng wajh ipun mayyit. (i’anatutholibin juz II shohifah 140).