Ya Nabi, Salam alaika
Ya Rosul, salam alaika
Ya Habib, salam alaika
Sholawatullah alaika
Duh kanjeng Nabi …
Mugi tinampi kawula salam
Duh kang kinatresnan …
Tulusing manah ngaturaken panuwun
Maewu karaharjan mugi tansah banjir keroban
Marang penderek marang kawula dasih
Ing galih manah kang kebak sih
Duh janma pinilih
Sak purnaning wengi cumlarat surya raina
Dados sesuluhing petenge dalan kawula
Duh katresnan pepujaning ati tuk tinuladha
Cubluk jahil kawula lunga sirna
Ginanti iman islam ing dhadha ing ludiro
Anta syamsun anta badrun
Anta nurun fauqon nuri
Anta isyiruw-wa gholi
Anta misybahusy-syuduri
Panjenenganira pindha baskara Purnama tan tinandhing liya
Tuhu cahaya sak nduwur cahaya
Keparengan kawula pethik kembang piwulang
Saking kebon sabda kang panjenengan siram
Pinangkaning paes kang laku dak lakoni
Tumuju maring ridhoning gusti
Bismillah …
Kelawan wewarah
Jejek mantep kawula mlampah
* oleh Kamar 1 Putri
(JUARA II LOMBA KREASI SHOLAWAT DAN PUISI DALAM MILAD PPLQ XII)